Tembang
1. Tembang macapat
a.Asmarandana (7 gatra)
Poma-poma wekas mami, (8i)
anak putu aja lena, (8a)
aja katungkul uripe, (8e)
lan aja duwe karema, (8a0
marang pepaes donya, (7a)
siang dalu dipun emut, (8u)
yen urip manggih antaka. (8a)
b.Dhandang gula (10 gatra)
Wardining kang sasmita jinawi, (10i)
wruhing kukum iku wateka, (8a)
adoh marang kanisthane, (8e)
pamicara puniku, (7u)
weh reseping sagung miyarsi, (9i)
tata krama puniku, (7u)
ngedohaken panyendhu, (7u)
kagungan iku kinarya, (8a)
ngupa boga, dene kelakuan becik, (12i)
weh rahayuning angga. (7a)
c.Durma (7 gatra)
Paman-paman, apa wartane ing ndalan, (12a)
ing dalan keh pepati, (7i)
mati kena apa, (6a)
mati pinedhang ligan, (7a)
ing jaja terusing gigir, 8i0
akari raga, (5a)
badan kari gluminthing. (7i)
d.Gambuh (5 gatra)
Sekar gambuh ping catur, (7u)
kang cinatur polah kang kalantur, (10u)
tanpa tutur katula-tula katali, (12i)
kadulu warsa kapatuh, (8u)
katutuh pan dadi awon, (8o)
e.Kinanthi (6gatra)
Anoman malumpat sampun, (8u)
prapteng witing nagasari, (8i)
mulat mangandhap katingal, (8a)
wanodya yu kuru aking, (8i0
gelung rusak wong kang kisma, (8a)
kang iga-iga kaeksi. (8i)
f.Maskumambang (4 gatra
)
Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis, (12i)
sambate mlas arsa, (6a)
luhnya marawayan mili, (8i)
gung tinameng astanira. (7a)
g.Megatruh (5 gatra)
Sigra milir kang gethek sinangga bajul, (12u)
kawan dasa kang njageni, (8i)
ing ngarsa miwah ing pungkur, (8u)
tanapi ing kanan kering, (8i)
kang gethek lampahnya alon. (8o)
h.Mijil (6 gatra)
Cep menenga adhuh bocah manis, (10i)
aja gawe kagol, (6o)
kae katon rembulane gedhe, (10e)
gilar-gilar cahyane nelahi, (10i)
ayo sun dolani, (6i)
sabisa-bisaku. (5u)
i.Pangkur ( 7 gatra)
Nora pisan pindho sira, (8a)
kumalungkung ambek sumekti sekti, (11i)
kados pundi paman prabu, (8u)
mangke kateman dhawah, (7a)
mboten sande paduka kebntu-bentus, (12u)
iyo ben perduli apa. (8a0
babak mlicet lak mung per
ih (8i)
j.Pucung (4 gatra)
Bapak pucung.(4u)
cangkeme madhep mandhuwur. (8u)
sabamu ing sendhang. (6a)
pencoanmu lambung kereng. 8e)
prapteng wisma. (4a)
si pucung mutah guwaya. 8a)
k.Sinom (9 gatra)
Mangetan sigra lumampah, (8a)
urut pinggiring pesisir, (8i)
wiwit king pesisir wus prapti, (9i)
sadamulya kang iki, (7i)
klebet lorok tlatahipun, (8u)
bawur ing sisih wetan, (7a)
pesisir taman raneki, (8i)
sanggya karya suka lelangening driya. (12a)
2. Tembang Tengahan
a.Balabak.
b.Girisa.
c.Jurudeming.
d.wirangrong.
3.Tembang Gedhe
a.Citramengeng.
b.Kusumastuti.
c.Mintajiwa.
d.Pamularsih.
NB:
Guru gatra: Cacahing larik (baris) saben sapadha (sebait).
Guru lagu: Aksara urip ing pungkasaning gatra (larik) = a,i,u,e,o
Guru wilangan: Cacahe suku kata.